Saturday, 18 Jan 2025
  • Religius, Unggul dalam Prestasi, Mulia dalam Budi Pekerti

UPACARA PENGETAN DINTEN HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 220, DINTEN MINGGU 28 JULI 2024 ING SMAN 1 JOGONALAN

#Jogsajuara – Minggu, 28 Juli 2024, sadaya kulawarga ageng SMA Negeri 1 Jogonalan ngawontenaken upacara kangge mangayubaya mengeti hadeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 220. Upacara punika dipunwontenaken ing lapangan utama SMAN 1 Jogonalan kaleksanan kanthi sae. Boten kados adat saben, lampahing upacara ngginakaken basa Jawi. Mekaten ugi rasukan ingkang dipunagem, para dwija kakung mangagem lurik ingkang kawangun beskap saha para dwija putri mangagem lurik ingkang kawangun kebaya. Mekaten ugi para tendik.

Barising upacara kaperang dados pinten-pinten bregada, kadosta bregada siswa kelas X, bregada kelas XI, bregada kelas XII, bregada OSIS, saha bregada para dwija. Saben bregada dipunpangarsani dening tamtama bregada lan sadaya bregada dipunpandhegani dening manggala bregada. Manggala saha Para tamtama bregada punika siswa SMAN 1 Jogonalan pilihan ingkang sampun kagembleng saha gegladhen baris. Pramila ing tumapaking tatacara boten nguciwani. Bapa Wanto, S.Pd. Kor. Ingkang minangka pangarsaning upacara maosaken sujarah adeging kabupaten klaten. Menawi dipunpriksani saking sujarahipun, kabuputen klaten punika salah satunggaling kabupaten ingkang yuswanipun sepuh amargi dhusun-dhusun ing tlatah punika sampun dipunpapani saking jaman hindu kadosta Pulowatu, Gumulan, Wadihati utawi Wedhi, lan  Muruh. Cikal bakal kabupaten Klaten kapirid saking cariyos Kyai Melathi. Tembung Klaten saweg kasebat dening sejarah, duk rikala tanah perdikan punika kaplilih minangka papan hadeging Benteng utawi Loji Klaten ingkang ing jaman Walandi dipunginakaken minangka sumbering paprentahan. Hadeging Loji Klaten ingkang samanten minangka sumbering paprentahan, kaserat dening sejarah nedahaken sengkalan ing dinten Seu, surya 28 Juli 1804 kang samangke kapitados minangka dinten hadeging Kabupaten Klaten. Landhesan tanggal ing inggil nedahaken bilih ngantos dumugi ing titiwanci punika, Kabupaten Klaten sampun ngancik 220 warsa.

Saparipurnanipun maosaken sujarah hadeging Kabupaten Klaten, Bapa Wanto, S.Pd.,Kor ugi ngajak para siswa saha dwija supados tansah gumregut ambangun Kabupaten Klaten supados kabupaten ingkang dipunpangarsani dening Bupati Sri Mulyani, S.M., M.Si. tambah kuncara, bersinar, saha majeng ing pembangunan.

Kajawi wonten ing sekolahan, saperangan dwija lan siswa ugi wonten ingkang ndherek upacara ing alun-alun Kabupaten Klaten saha Kecamatan Jogonalan. Saperangan siswa ingkang kapilih ugi wonten ingkang nyawisaken beksan kolosal ing sangajenging Bupati Klaten lan jajaran pamarentahanipun. Sanadyan pengetan hadeging Kabupaten Klaten dhumawah ing dinten Minggu sadaya kulawarga ageng SMAN 1 Jogonalan hanindakaken upacara saha tugas kanthi bingahing manah lan tanggel jawab. Prekawis punka jalaran sadaya sami rumaos handarbeni kabupaten klaten ingkang dipuntresnani. ingkang sampun paring kathah kasaenan tumrap bebrayan agung. Punika jumbuh kaliyan sesanti ing pengetan warsa punika nun inggih “Sembada Nata Praja”.

Akun Resmi Kami :
Instagram: @smanjogsa_official
Tiktok: @sman1jogonalan
Facebook: @Sman jogsa
YouTube: SMAN 1 JOGONALAN
Website: sman1jogonalan.sch.id
#sman1jogonalan
#sekolahintegritas
#smanjogsa
#jogsajuara
#jogsa

KELUAR